Thursday, August 11, 2011

Belik Si Nangka

Belik Si Nangka

Rumiyin wonten satunggaling belik ingkang dipun sebat belik si nangka, amargi kathah wit nangka ing sakupengipun belik. Kacariosaken bilik sunan kali jaga lan syeh kramat belik ngginakaken toya belik Si Nangka kangge wudhu. Tiyang-tiyang sami pitados bilih toyanipun belik menika nggadhahi daya kekiyatan lan khasiat tinamtu.
Sesampunipun priksa daya kakiyatan lan khasiat tinamtu belik Si Nangka, kanjeng pangeran adipati mandurarejo utawi pangeran Adinegara II minangka panguwaos tunggal wewengkon batang lajeng paring chawuh dhateng putrinipun ingkang asma putrid Batang supados ngunjuk lan siram ngangge toyanipun belik menika. Putrid Batang lajeng nindakaken sadaya dawuhipun ingkang rama, tansah ngunjuk lan siram ngangge toya belik Si Nangka.
Kanjeng putri Batang lajeng kapundhut garwa dening kanjeng sultan Agung Haryakakusuma, raja ing mataram saha kajunganengaken minangka garwa prameswari. Kenjeng sultan nggarwa kanjeng putri Batang amargi kangge ngragetaken pasedharukan antawisipun darah mandaraka lan darah pamanahan. Darah mandaraka inggih menika dhaharipun kanjeng pangeran adipati mandurareja minangka putra turunipun ki Juru Martani, pengageng praja mataram jamanipun pamarintahanipun kanjeng panembahan senapati. Wondene darah pamanahan inggih menika putra turunipun Ki Ageng Pamanahan. Kanjeng sultan Ageng Hanyakrakusuma menika putranipun kanjeng panembahan senapati saengga kasebet putra wayahipun Ki Ageng Pamanahan.
Kacariosaken bilih belik Si Nangka toyanipun di pun ginakaken deneng para bupati Batang saha kaluwarga, kerabatipun Bupati Batang dangunipun watawis tigang abat. Mboten sawene tiyang saget ngginakaken toyanipun belik Si Nangka menika.
Ing jaman samenika papan panggenanipun belik Si Nangka kabawa wewengkon dhusun pasekaran, kabupaten Batang, deneh arahipun saking astana pasekaran kirang langkung 1 kilo meter sawetanipun astana pasekaran, menawi saking taman hiburan rakyat (THR) kramat Batang watawis 2 km arahipun ngidul mangilen.



Kapethik saking : kumpulan carios rakyat Batang

(Kantor perpustakaan umum kab. Batang)

No comments:

Post a Comment