Thursday, August 11, 2011

Legenda Dumadosing Padusan Bandar

Legenda Dumadosing Padusan Bandar





Nalika samanten ing negeri fana wonten rondha kaliyan putranioun ingkang ayu sanget ingkang nama Rara wiranti, manggen ing dusun Balang, kanthi griya ingkang prasaja mboten aneh menawi kathah tiyang jaler ingkang sami ngandharaken katresnanipun dhateng Rara Wiranti.
Ing satunggaling dhinten nalika Rara Wiranti nembe nyapu ing ngajeng griya, wonten satunggaling pemudha ingkang mertamu. Pemudha kala wau namanipun Bajidul, putranipun satunggaling demang ingkang nggadhai watak gumedhe lan kumalungkung. Bajidul tresna lang kepingin dados semahipun Rara Wiranti ananging katresna kala wau dipuntolak dening Rara Wiranti kanthi alus awit Rara Wiranti boten remen kaliyan Bajidul. Ingkang watak wantunipun mboten sae. Bajidul jengkel sanget, Rara Wiranti dipununek-unekaken ngangge tetembung ingkang mboten pantes.
“Kurang apa aku iki? Aku nggantheng, wong tuaku demang sugeh, malah kalebu wong paling sugeh ing desa kene, kowe wani nolak, aku? Dhasar perawan ndesa,” Ujaripun Bajidul.
“Ora ngono Bajidul. Aku during pengin omah-omah, aku isih kepingin urip dhewe,” wangsulanipun RaraWiranti kaliyan radi gemeter.
“Ngapusi! Kowe mesti ngapusi aku. Rara wiranti, aku ngerti kowe ora seneng karo aku. ora apa-apa kotolak. Nanging elinga! Mergo kowe wani nolak aku, tunggunen akibate! Wiwit dina iki ora bakal ana bocah lanang sing tresna karo awakmu.” Bajidul nilar Rara Wiranti kanthi ngecohi parusyanipun.
Aneh sanget, ujung-ujung pasuryanipun Rara Wiranti abrit lan kraos gatel. Piyambakipun ngukur panggenan ingkang kraos gatel kala wau, ananging raos gatel mboten ical malah mraman ing sedaya awakipun Rara Wiranti. Rara Wiranti bengak-bengok ngundang ibunipun kaliyan mlebet griya, piyambakipun mboten nggraita menawi bajidul badhe tumindak mekaten. Rara Wiranti mangertos bilih Bajidul nggadhahi ilmu sihir, sinau saking dukun ingkang sekti. Rara Wiranti ngrangkul ibunipun kaliyan muwun.
“Kowe keno apa nok?” pitakenipun ingkang ibu dhateng rara wiranti. Rara Wiranti nyariosaken kedadhosan ingkang nembe dipun lampahi.
“Anakku cukup awake dhewe wae kang mangerteni prakara iki, aja kocritakaken marang wong liya kadadeyan sing kokalami,” mekaten piwelingipun ingkang ibu dhateng Rara Wiranti. Rara Wiranti manthuk-manthuk kaliyan nangis sesenggukan.
“Ibu arep mbudidaya golek obat kanggo awakmu, nok!” Ananging sedaya tabib ingkang dipun panggihi mboten wonten ingkang sanggup nambani, saya dangu sakitipun Rara Wiranti saya nemen.
Wonten ing satunggaling dalu Rara Wiranti, ngimpil dipun panggihi dening satunggaling wanodya ingkang sulistya ing warni serta sae ing bebudenipun. Tiyambaipun ngagem ageman pethak, mboten cetha sinten asmanipun. Wanodya kala wau maringi sekar mawar werni ungu dhateng Rara Wiranti, kaliyan ngendhika :
“Aku ngerti kowe susah, nanging aja nglaleaken tugas-tugas liyane!”
“Lajeng dhateng pundi kula kedhah pados obat, ibu kula sampun mbudidaya nanging mboten wonten ingkang saget nambani kula,” mekaten wangsulanipun Rara Wiranti.
“Aja pepes atimu, saben penyakit mesti ana obate, gawanen mawar ungu iki, kungkuma nganggo banyu kum-kuman mawar iki, muga-muga penyakitmu inggal cepet mari!”
Cekaking cariyos Rara Wiranti sampun mantun, saksampunipun kungkum wonten ing kolam. Rara Wiranti sampun pinanggeh malih kaliyan ibunipun, piyambakipun ngadahi tekat badhe ndamel padusan wonten sacelakipun kolam kala wau supados tiyang-tiyang saget mendhet mumpangatipun toyo ing padusan menika sarana pengobatan. Rara Wiranti kaliyan ibunipun ingkang miwit ndamel gubuk ing sangandhapipun wit karet panggenanipun sepen ananging ayem lan tentrem. Panggenan kala wau lajeng di pun wastani dhusun karetan lan papan panggenan ingkang di pun ndamel padusan sapunika kawastanan padusan Bandar


Legenda-legenda ing kabupaten batang, kanthi ewah-ewahan basa)

Belik Si Nangka

Belik Si Nangka

Rumiyin wonten satunggaling belik ingkang dipun sebat belik si nangka, amargi kathah wit nangka ing sakupengipun belik. Kacariosaken bilik sunan kali jaga lan syeh kramat belik ngginakaken toya belik Si Nangka kangge wudhu. Tiyang-tiyang sami pitados bilih toyanipun belik menika nggadhahi daya kekiyatan lan khasiat tinamtu.
Sesampunipun priksa daya kakiyatan lan khasiat tinamtu belik Si Nangka, kanjeng pangeran adipati mandurarejo utawi pangeran Adinegara II minangka panguwaos tunggal wewengkon batang lajeng paring chawuh dhateng putrinipun ingkang asma putrid Batang supados ngunjuk lan siram ngangge toyanipun belik menika. Putrid Batang lajeng nindakaken sadaya dawuhipun ingkang rama, tansah ngunjuk lan siram ngangge toya belik Si Nangka.
Kanjeng putri Batang lajeng kapundhut garwa dening kanjeng sultan Agung Haryakakusuma, raja ing mataram saha kajunganengaken minangka garwa prameswari. Kenjeng sultan nggarwa kanjeng putri Batang amargi kangge ngragetaken pasedharukan antawisipun darah mandaraka lan darah pamanahan. Darah mandaraka inggih menika dhaharipun kanjeng pangeran adipati mandurareja minangka putra turunipun ki Juru Martani, pengageng praja mataram jamanipun pamarintahanipun kanjeng panembahan senapati. Wondene darah pamanahan inggih menika putra turunipun Ki Ageng Pamanahan. Kanjeng sultan Ageng Hanyakrakusuma menika putranipun kanjeng panembahan senapati saengga kasebet putra wayahipun Ki Ageng Pamanahan.
Kacariosaken bilih belik Si Nangka toyanipun di pun ginakaken deneng para bupati Batang saha kaluwarga, kerabatipun Bupati Batang dangunipun watawis tigang abat. Mboten sawene tiyang saget ngginakaken toyanipun belik Si Nangka menika.
Ing jaman samenika papan panggenanipun belik Si Nangka kabawa wewengkon dhusun pasekaran, kabupaten Batang, deneh arahipun saking astana pasekaran kirang langkung 1 kilo meter sawetanipun astana pasekaran, menawi saking taman hiburan rakyat (THR) kramat Batang watawis 2 km arahipun ngidul mangilen.



Kapethik saking : kumpulan carios rakyat Batang

(Kantor perpustakaan umum kab. Batang)